Berita

Apel Pengetan Dinten Dumadosing Lamongan

Apel pengetan dinten dumadosing Lamongan kaping-454 wontwn ing SMAN 1 Lamongan dinten Jumat, 26 Mei 2023. Apel dinten menika benten kalih apel biyasanipun amergi petugas apel ngginakaken rasukan adat lurik SMAN 1 Lamongan sarta ngginakaken basa Jawa kanthi ancas kangge nglestantunaken budaya Jawa.

Petugas upacara ing dinten menika, Sandi Putra Pambudi minangka pemimpin apel, Moh. Gardin Caesar, Ananda Farel Maulana, lan Deco Farel Pratama minangka pemimpin barisan. Adinda Nur Fadila minangka pambiwara lan Bapak Dr. Sofyan Hadi minangka pembina apel.

Apel lumaku kanthi khidmat, dipundherekaken dening siswa kelas X lan XI. Apel dipunwiwiti para siswa baris ingkang dipunpimpin dening pemimpin barisan. Sasampunipun ngumandhangake lagu Indonesia Raya. Sasampunipun ngumandhangake lagu Indonesia Raya, dipunlajengaken pemaparan sejarahipun dumadosing Kota Lamongan ingkang dipunwaos dening Bapak Aziz Subekti, S.Pd.

Waosan Pititur Luhur Bupati Lamongan ingkang dipunwaos dening Bapak Dr. Sofyan Hadi minangka pembina apel inggih menika,

Ing dinten dumadosing kabupaten Lamongan kaping kawan atus seket sekawan (454) tahun, pemerintah kabupaten Lamongan netepaken semboyan “Merajut Harmoni Untuk Lamongan Megilan”. Jumangkahanipun kalih tahun pemerintahan bupati Yuhronur Efendi lan wakil bupati Abdul Rouf, sampun mujudaken keseimbangan antawisupun pembangunan infrastruktur, kaliyan pembangunan ekonomi, sumber daya manusia, lan pembangunan sosial.

Wujud asil saking pemerintah provinsi menopo dene pemerintah pusat miwah lembaga sanesipun, monggo kita ugemi minangka titik tolak dalasan spirit kagem menjemput asa kejayaan lan hambrasta rintangan ing dinten dumadosing Lamongan ingkang kaping sekawan atus seket sekawan warsa. Semboyan megilan ingkang salebetipun ngandut karakteristik masyarakat lamongan ingkang mandiri, energik, inovatif, loyal, adaptif lan sageto maringi rasa nyaman, kedah terus kita tepangaken dumateng generasi masa depan supados kiyat berdaya saing.”

Acara menika dipun tutup kanthi dunga saha ngaturaken sugeng tanggap warsa dumateng para petugas apel ingkang sampun nindaaken apel kanthi sae.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *